Iki critane kancaku karo pacare nalika dolan ing dhaerahku. Dheweke karo pacare sajake lepingin ngicipi bakso sing paling enak sing paling terkenal ing nggonku. Langsung wae bar takon aku, dheweke karo pacare budhal.
Wiwitane kancaku ngakoni yen baksone rasane top tenan. Ora heran yen ora tau sepi pelanggan. Dumadakan, ana grebegan polisi. Kancaku lan pacare methi wae kaget. Enak-enak mangan dumadakan ana polisi. Kamangka panggonane bakso kuwi ya resmi lan jare ora nate ana penggusuran PKL (pedagang kaki lima).
Sing aneh maneh polsisi kuwi dudu mriksa sing dodol, nanging mriksa dandang bakso nganggo cuthik. Bar cuthike ditarik, la kok ditemokake BH lan kathoke wong wedok. Langsung wae kancaku lan pacare mutahake baksone. Pelanggan liyane sing uga enak-enak mangan uga padha mutah.
“Oalah, apes tenan aku Den. Karepe mangan enak, jebule malah mangan bakso campur kathok lan BH. Yen aku dhewekan ngono ora apa-apa, la aku karo pacarku,” sambate kancaku.
“Sori wae. Aku ya ora weruh yen bakso kuwi nganggo pelarisan.”
Aku ngguyu kekel ngrungokake critane kancaku sing pancen apes tenan. Apa tumon, pengine mangan enak malah mangan bakso sing nganggo pelarisan.
Deni Wibisono – Jember
Sumber: PANJEBAR SEMANGAT
humor 





Popularity: 17% [?]